A L F I N A D A M A Y A N T I
KELAS IX
BAHASA JAWA
UPACARA ADAT
E-MODUL
U N I V E R S I T A S N E G E R I SE M A R A N G | 202 2
E-Modul Upacara Adat
Bahasa Jawa
Kelas IX
Edisi Pertama
Penganggit: Alfina Damayanti
Pembimbing: Nur Hanifah Insani, S.Pd., M.Pd.
ATUR PANGIRING
Puji syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang Maha
Kuwaos dene panyerat sampun saged ngrampungaken e-modul
upacara adat Bahasa Jawa. E-modul punika katujokaken
khususipun kagem siswa kelas IX SMP Muhammadiyah 2 Boja.
Lumantar e-modul punika, kaajap saged dipunginakaken kagem
njangkepi srana piwucalan Bahasa Jawa.
Pambabaripun e-modul upacara adat Bahasa Jawa punika,
kajawi ngemot materi upacara adat ugi sinartan gambar, video,
ugi soal online. E-modul punika ugi dipunjangkepi “bausastra”.
Ancas saking e-modul ingkang langkung interaktif punika
kagem nambah wawasanipun para siswa.
Kanthi wontenipun e-modul upacara adat Bahasa Jawa
punika dipunajap sageda mbiyantu siswa kelas IX SMP
Muhammadiyah 2 Boja anggenipun ngleluri lan marsudi basa
Jawa, ugi saged nglancaraken dwija anggenipun nggulawenthah
para siswanipun ing piwucalan Bahasa Jawa. Panyerat sampun
mbudidaya murih e-modul punika saged sampurna, ananging
minangka manungsa limrah sarta saking winatesipun sarta
cupetipun saking kawruh panyerat, taksih wonten
kekiranganipun. Pramila, panyaruwe saking pamaos tansah
kaantu-antu kagem nyampurnakaken e-modul punika.
Wusananipun atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi
tansah njangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun e-modul
punika tumrap kemajengan lan lestarinipun piwucalan Bahasa
Jawa. Nuwun.
Semarang, April 2022
Panyerat
iii | Atur Pangiring
Langkung rumiyin pasinaonan dipunwiwiti
kanthi dedonga sesarengan supados
pinaringan kalancaran anggenipun mbimbing
siswanipun.
Guru saged paring pangertosan awal dhateng
siswa.
Guru paring bimbingan dhateng siswanipun
supados saged pirembagan sesarengan.
Guru minangka fasilitator salebetipun
pawiyatan pasinaonan Bahasa Jawa.
Guru nindakaken evaluasi lan penilaian.
Supados guru kasil anggenipun mbimbing
siswanipun kangge nguwaosi materi wonten ing
salebetipun bahan ajar punika, mila saged
nggatosaken pitedah punika:
1.
2.
3.
4.
5.
PITEDAH NGGINAKAKEN E-MODUL
KKaaggeemm GGuurruu
iv | Pitedah Ngginakaken E-Modul
Dedonga sesarengan supados pinaringan
kalancaran anggenipun sinau materi punika.
Sinau peta konsep.
Ancasipun pasinaon dipunwaos lan
dipungatosaken kanthi permati.
Materinipun dipunwaos kanthi setiti, ugi
nggatosaken video ingkang kawrat ing
salebetipun bahan ajar.
Soal online dipungarap minangka evaluasi
pasinaonan.
Supados siswa kasil anggenipun mangertosi
wosipun materi salebetipun bahan ajar,
nglestantunaken tradisi, ugi saged nerapaken
upacara adat wonten ing masyarakat, mila saged
nyathithikaken pitedah punika:
PITEDAH NGGINAKAKEN E-MODUL
KKaaggeemm SSiisswwaa
v | Pitedah Ngginakaken E-Modul
DHAPTAR ISI
ATUR PANGIRING
PITEDAH NGGINAMAKEN E-MODUL
DHAPTAR ISI
PETA KONSEP
ANCASE PASINAONAN
NLITI TEKS UPACARA ADAT
NULIS TEKS UPACARA ADAT
PANGERTEN UPACARA ADAT
JINIS UPACARA ADAT
PANGERTEN RUWATAN
JINIS RUWATAN
UBARAMPE RUWATAN
TATA CARA RUWATAN
RUWATAN SUKERTA
BOCAH SUKERTA
RUWATAN ANAK KEMBANG SEPASANG
RUWATAN NAGARI
RINGKESAN
LEMBAR KERJA SISWA
BAUSASTRA
KAPUSTAKAN
vi | Dhaptar Isi
iii
iv
vi
1
2
3
4
6
7
12
13
16
21
23
24
33
35
39
40
41
43
Nulis Teks
Upacara Adat
Nliti Teks
Upacara Adat
Teks Upacara
Adat
“Ruwatan
Nagari”
Dhiskusi
Ndhapuk
Bakune
Upacara Adat
Maca Teks
Upacara Adat
“Ruwatan
Sukerta”
Dhiskusi Bab
Bakune Isi
Teks
EEvvaalluuaassii
UUUppaaccaarraa AAddaatt Uppaaccaarraa AAddaatt
PETA KONSEP
1 | Peta Konsep
Ancase Pasinaonan
Sawise sinau lan gatekake tenan
wulangan iki, siswa diajap bisa
mangerteni upacara adat kang
ana ing tanah Jawa mligine ing
daerahe dhewe. Kajaba saka
kuwi, siswa diajap bisa nduweni
rasa sosial lan tepa slira marang
sapadha-padha.
2 | Ancase Pasinaonan
Menjawab pertanyaan bacaan.
Menuliskan pokok-pokok isi bacaan
upacara adat.
Memahami dan menerapkan pengetahuan
(faktual, konseptual, dan prosedural)
berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait
dengan fenomena dan kejadian tampak
mata.
Menelaah teks deskriptif tentang upacara
adat.
Indikator:
A. Nliti Teks Upacara Adat
KKoommppeetteennssii IInnttii::
KKoommppeetteennssii DDaassaarr::
3 | Nliti Teks Upacara Adat
Mengamati peristiwa upacara adat.
Mencatat pokok-pokok peristiwa upacara
adat.
Menyusun urutan peristiwa upacara adat.
Menulis teks naratif peristiwa upacara
adat yang dilihat.
Mengolah, menyaji, dan menalar dalam ranah
konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan
ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang)
sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan
sumber lain yang sama dalam sudut
pandang/teori.
Menulis teks deskriptif tentang upacara adat.
Indikator:
B. Nulis Teks Upacara Adat
KKoommppeetteennssii IInnttii::
KKoommppeetteennssii DDaassaarr::
4 | Nulis Teks Upacara Adat
4 | E-Modul Upacara Adat
Astaga,
rambutmu
kenapa?
Sepertinya semua
pindah ke kepalamu.
Kita berdua
sudah
terlalu lama
dikarantina.
Apa sing
kokngerteni
seka gambargambar iki?
Gambar
apa iku?
Iki gambar -
gambar upacara
adat Jawa.
Upacara adat
Jawa? Sing ana
ing gambar iku
upacara adat
apa wae?
Luwih jelase, ayo
bebarengan sinau
bab upacara adat
Jawa!
Ayo!
5 | Upacara Adat
Upacara Adat
Upacara adat yaiku salah
sawijining tradisi awujud
rerangkenan kegiyatan kang
dileksenakake kanthi tata cara
manut adate. Upacara tradisional
iki sipate turun-temurun ana ing
masarakat daerah tartemtu.
Upacara adat duweni ancas
minangka ucap syukur marang
Gusti Kang Maha Agung, uga
pandonga supaya diadohke saka
sengkala.
Upacara Adat
11..PPaannggeerrtteennUUppaaccaarraaAAddaatt
6 | Pengerten Upacara Adat
Upacara adat Jawa ana maneka
warna jinise, ing antarane yaiku
upacara adat kang gegayutan
karo kahuripan manungsa,
upacara adat babagan gegayutan
antarane manungsa lan alam,
sarta upacara adat lembaga
utawa agama.
Upacara Adat
22..JJiinniissUUppaaccaarraaAAddaatt
7 | Jinis Upacara Adat
Gambar Upacara Panggih
k
1
a
. U
hu
pacara adat gegayutan karo
mit
ripan manungsa kaperang
ng
urut wayahe, yaiku masa
bocah
andhut, masa lahiran, masa
, masa teruna, masa diwasa,
lan masa paripurna.
8 | Jinis Upacara Adat
9 | Jinis Upacara Adat
Gambar Sedekah Bumi
geg
2. Upacara adat babagan
alam
ay
k
u
a
t
y
an antarane manungsa lan
desa, to
ata sedekah bumi, bersih
lak bala, baritan, wiwitan,
sapanunggalane.
10 | Jinis Upacara Adat
Gambar Sekaten
k
3. Upacara adat gayut karo
pen
e
g
pentingan lembaga utawa
Jawa
e
,
tan dina Islami ana budaya
seka
tuladhane yaiku nyadran,
Besar, s
ten, grebeg Syawal, grebeg
uran, saparan, lan yaqowiyu.
Kanggo mangerteni jinis lan
tuladha saka upacara adat Jawa
bisa ditonton video iki!
11 | Jinis Upacara Adat
mulai!
12 | Pangerten Ruwatan
Ruwatan iku upacara adat Jawa kang ancase
kanggo mbebasake wong utawa wewengkon saka
ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sajatine
wujud pandonga, nyuwun pangayoman marang
Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamane
bencana alam lan liyane, uga pandonga nyuwun
pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan
kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana, sarta
dinggo tulak bala ana ing sawijining desa.
Upacara adat iki asale saka ajaran budaya Jawa
kuna kang sipate sinkretis kang saiki diadaptasi lan
disesuaike karo ajaran agama. Maknane ruwatan
sejatine reresik dhiri saka sakehing dosa lan
panggawe ala, ngedhekake rasa panembah marang
Gusti kang akarya jagad dimen rahayu uripe.
Tembung "Ruwat" uga ateges "bebas" saka
sakehing goda, coba, lan bencana, bebendu, dosa,
lara sapanunggalane. Ruwatan iku upacara adat
Jawa kang ancase kanggo mbebasake wong,
masarakat, utawa wewengkon saka ancaman
bebendu.
Ruwatan
11..PPaannggeerrtteennRRuuwwaattaann
Ruwatan
22..JJiinniissRRuuwwaattaann
Ruwatan iki dilakoni dening
pawongan kang bisa disebut
sukerta, utawa wong sing
duweni kekurangan lan
agawe uripe apes.
1. Ruwatan Pawongan
13 | Jinis Ruwatan
2. Ruwatan Lingkungan
Ruwatan lingkungan asring
disebut uga mageri, yaiku
ritual ruwatan kang
ditujukake kanggo
wewengkon kayata omah
kanthi cara aweh pager gaib.
14 | Jinis Ruwatan
3. Ruwatan Wilayah
Ruwatan iki luwih amba
maneh tinimbang ruwatan
lingkungan, bisa nyakup
wilayah desa utawa nagari.
15 | Jinis Ruwatan
DEGAN
UNGKER
SIJI
GEDHANG
RAJA
SERIT
KENDI ISI
BANYU
KAYU
BAKAR
KACA
PANGILON
PAYUNG
Ruwatan
33..UUbbaarraammppeeRRuuwwaattaann
16 | Ubarampe Ruwatan
SIRIH AYU
BANYU
PITUNG
SENDHANG
GEDHANG
AYU
ENDOG PITIK
JENANG
KETAN
PITUNG
MACEM KAIN
BATIK
BENANG
LAWE
KUPAT
LEPET
17 | Ubarampe Ruwatan
ARAK TUMPENG
CACAHAN
DAGING LAN
IWAK
PIRANTI
MASAK
JENANG
(BUBUR)
BANYU
KILANG TEBU
RUJAK LEGI RUJAK
CROBO
18 | Ubarampe Ruwatan
PITIK BABON
LAN JAGO
GODHONG
LONTAR
CIKAL
BANTAL
SEGA GURIH
LAN AYAM
GORENG
JONGKAT
PARI
SEGEDHENG
TEBU
WULUNG
19 | Ubarampe Ruwatan
KLASA SENTIR
KUPAT
PANGULAR
MINYAK
WANGI
MINYAK
KLAPA
JAJANAN
PASAR
20 | Ubarampe Ruwatan
Urut-urutan pelaksanaan upacara adat
ruwatan yaitu sebagai berikut.
1) donga pambuka,
2) maca crita riwayat Sang Hyang Kala,
3) maca Pakem Sontheng
4) pamasangan tabeik lan maca Kidung
Sastra Pinandhati,
5) maca kanthi swara lirih utawa amateg
sastra (ing telak) Bethara Kala kanthi
ditembangake Dhandhanggula,
6) maca Sastra Banyak Dalang lagu kentrung,
7) maca Sastra Gumbalageni,
8) maca Kidung Sastra Puji Bayu,
9) maca Kidung Sastra Mandalagiri,
Ruwatan
44..TTaattaaCCaarraaRRuuwwaattaann
21 | Tata Cara Ruwatan
10) maca Sastra Kakancingan,
11) maca Sastra Panulak,
12) maca Sastra Ruwat Panggung kanthi
ditembangake Dhandhanggula,
13) maca Sastra Panengeran kanthi ditembangake
Dhandhanggula,
14) maca Kidung Panengeran kanthi ditembangake
Dhandhanggula,
15) maca Kidung Sastra Pangruwatan kanthi
ditembangake Dhandhanggula,
16) maca Kidung Pangruwat Pamungkas kanthi
ditembangake Dhandhanggula,
17) sawise rampung nembangake Kidung Ruwat
Murwakala, rambut bocah sukerta dikethok
minangka syarat kang mengkone bakal dilarung,
lan
18) bocah sukerta nglakoni siraman nganggo banyu
kembang setaman dening pangruwat.
22 | Tata Cara Ruwatan
Naskah minangka mantra ruwat kang mantramantrane digunakake ing prosesi ruwatan.
Tekan!
Tembung sukerta asale saka basa
Jawa yaiku suker kang tegese reged
utawa wadi. Wong sukerta yaiku wong
kang ora sampurna, duwe kekurangan,
bisa uga cacat, utawa ringkih. Wong
sukerta kang manut kapercayaan, bisa
slamet uripe yen diruwat, tegese kudu
diresiki supaya ora dadi mangsane
Bathara Kala kang duweni maksud
nemahi sengkala ing uripe. Ruwatan
sukerta iki adate uga ditanggapake
wayang lakon Murwakala.
Ruwatan Sukerta
Sajian Video
23 | Ruwatan Sukerta
Bocah Sukerta
BBooccaahhkkaannggkkaaggoolloonnggssuukkeerrttaa
llaannkkuudduuddiirruuwwaatt::
24 | Bocah Sukerta
ONTANG-ANTING
(ANAK 1 LANANG)
UNTING-UNTING
(ANAK 1 WADON)
UGER-UGER LAWANG
(ANAK 2 LANANG
KABEH)
KEMBANG SEPASANG
(ANAK 2 WADON
KABEH)
CUKIT/CUKIL DULIT
(ANAK 3 LANANG
KABEH)
GOTONG MAYIT
(ANAK 3 WADON
KABEH)
25 | Bocah Sukerta
SARAMBA
(ANAK 4 LANANG
KABEH)
SARIMPI
(ANAK 4 WADON
KABEH)
PANDHAWA
(ANAK 5 LANANG
KABEH)
PENDHAWI/PANCAGATI
(ANAK 5 WADON KABEH)
KEDHANA-KEDHINI
(ANAK 2 LANANG,
WADON)
KEDHINI-KEDHANA
(ANAK 2 WADON,
LANANG)
Bocah Sukerta
26 | Bocah Sukerta
PANCURAN KAPIT SENDHANG
(ANAK 3, WADON, LANANG, WADON)
SENDHANG KAPIT PANCURAN
(ANAK 3, LANANG, WADON,
LANANG)
KEBLAT PAPAT
(ANAK 4 LANANG, WADON,
LANANG, WADON)
SEPASAR
(ANAK 5 LANANG,
WADON)
IPIL-IPIL/PIPILAN
(ANAK 5 LANANG 1)
PADANGAN
(ANAK 5 WADON 1)
Bocah Sukerta
27 | Bocah Sukerta
PANDHAWA NYANDHANGI
(ANAK 6, WADON 1
WARUJU)
KEMBAR DHAMPIT
(ANAK 2 LANANG
WADON LAIR BARENG)
KEMBAR
(ANAK LUWIH SAKA 1 LAIR
BARENG LANANG WADON,
LANANG KABEH, WADON KABEH)
GRANDHEL
(ANAK PIRANG-PIRANG
SING WARUJU WADON UTAWA
SUWALIKE)
GENDHONG
(ANAK LANANG PIRANG-PIRANG
SING TENGAH WADON)
PATHOK
(ANAK WADON PIRANG-PIRANG,
SING TENGAH LANANG)
Bocah Sukerta
28 | Bocah Sukerta
SUMARAK
(ANAK PIRANG-PIRANG,
SING LANANG LUWIH AKEH)
GILIR KACANG
(ANAK PIRANG-PIRANG,
GILIR LANANG WADON)
DHAMPIT
(KEMBAR LANANG
WADON)
GONDHANG KASIH
(ANAK 2, SIJI BULE
SIJI IRENG)
KALUNG USUS
(ANAK LAIR
KAGUBED USUS)
LUMPAT KIDANG
(ANAK PIRANG-PIRANG
ORA GILIRAN LANANG WADON)
Bocah Sukerta
29 | Bocah Sukerta
ANGGANA
(ANAK PIRANG-PIRANG
URIP SIJI)
PEMBAREP
(ANAK NOMER 1)
PANGGULU
(ANAK NOMER 2)
PANDHADHA
(ANAK NOMER 3)
SUMENDHI
(KAKANG WURAGIL)
WARUJU
(WURAGIL)
Bocah Sukerta
30 | Bocah Sukerta
PANENGGAK
(ANAK KABEH 5, SING
NOMER 2 DADI PANENGGAK)
PANENGGAH/PANENGAH
(ANAK KABEH 5, SING
NOMER 3 DADI PANENGAH)
JULUNG CAPLOK
(BOCAH LAIR BARENG
SURUP SRENGENGE)
JULUNG KEMBANG
(BOCAH LAIR, BARENG
PLETHEKING SRENGENGE)
JULUNG SARAB
(BOCAH LAIR NGAREPAKE
SURUP SRENGENGE)
JULUNG SUNGSANG
(BOCAH LAIR WAYAH
BEDHUG AWAN)
Bocah Sukerta
31 | Bocah Sukerta
JEMPINA
(BOCAH LAIR DURUNG
WANCINE)
MARGANA
(BOCAH LAIR PINUJU
IBUNE LELUNGAN)
WAHANA
(BOCAH LAIR PINUJU
IBUNE ING PASAMUAN)
WUYUNGAN
(BOCAH LAIR PINUJU
ANA PERANG/GEGERAN)
KONDURAN
(BOCAH LAIR,
IBUNE SEDA)
Bocah Sukerta
32 | Bocah Sukerta
THOK-THING
(BOCAH LAIR SIRAHE
CILIK)
SUMALA
(BOCAH LAIR
CACAT SAKA JERO)
SUNGSANG
(BOCAH LAIR
SIKILE DHISIK)
YATIM/YATIN
(BOCAH LAIR, MUNG
MENANGI BAPAKE)
LOLA
(BOCAH ORA DUWE
RAMA BIYUNG)
Bocah Sukerta
Ruwatan iki diadani amarga anak wadon
mbarep arep nglangsungake akad nikah. Adicara
ruwatan sukerta iki dilaksenakake ing wayah bengi
lan dipimpin dening dalang. Kulawarga wis
nyiapake ubarampe kayata bucu sewu, ingkung,
sega tumpeng, jajanan pasar, iwak laut, wohwohan, dupa, wajik pitung werna, lan
sapanunggalane. Dalang ngobong dupa lan maca
mantra minangka pratandha yen ruwatan
kawiwitan. Dalang nyritakake babagan bocah
sukerta kudu diruwat lan sesambungane karo
Batara Kala migunakake wayang. Dalang uga
migunakake geber saka jarik, janur ing sisih kiwa
tengene geber, lan debog kanggo nancepake
wayang. Anggone ndalang kairing gamelan lan
kecrek. Sawise rampu anggone crita Batara Kala,
dalang nembangake kidung. Sabanjure iku, dalang
aweh keris marang kaloro bocah kang diruwat.
Keris iku pralambang minangka pangayoman.
Ruwatan Anak Kembang Sepasang
33 | Ruwatan Anak Kembang Sepasang
Dalang maca mantra sinambi astane goceki
baki kang kaisi banyu lan kembang pitung werna,
banjur diusapake menyang sirahe kaloro bocah
mau. Kaloro bocah mau banjur dipayungi dening
garwane dalang. Sarampunge pamacane mantra,
dalang mendhet wadah kang kaisi banyu lan
kembang mau. Dalang ngethok kuku uga rambut
bocah kang diruwat banjur diselehake ana ing
wadah. Wadah diselehake ana ing njero kendi.
Puncak acara ruwatan yaiku penyendalan kupat
kang dilakokake dening wong tuwa uga kaloro
anake nganggo piring kang kaisi beras kuning lan
dhuwit receh. Turahan beras kuning lan dhuwit
receh disebar ana ing saklilinge omah. Klambi
sasetel uga jeroan bocah loro mau dilebokake ana
ing njero kendi kang ana kuku lan rambut sing
dikethok mau, bakal dilarung ana ing laut.
34 | Ruwatan Anak Kembang Sepasang
35 | Maca Teks Upacara Adat “Ruwatan Nagari”
A. Maca Teks Upacara Adat “Ruwatan Nagari”
Wacanen teks upacara adat Ruwatan Nagari ngisor iki kanthi
permati!
Ruwatan Nagari
Karaton Amarta Bumi yaiku keraton kang mapan ana ing
Dalan Sunan Katon, Desa Margosari, Kecamatan Limbangan,
Kabupaten Kendal, Jawa Tengah. Keraton iki wis ngadeg
sasuwene 12 taun kanthi raja kang asmane Sri Anglung
Puntodjoyonegoro Cokrobuwono Girinoto. Karaton Amarta Bumi
tansah nglestarikake adat budaya Jawa kanthi nglaksanakake
adicara gelar budaya. Ing sanjerone adicara Gelar Budaya Segara
Gunung VII ana ritual ruwatan nagari kang wis kaping telu
diadani dening Karaton Amarta Bumi.
Ruwatan nagari yaiku ngruwat utawa ngresiki negara kanthi
pangajap diadani ritual prosesi adat iki bisa agawe negara luwih
jejeg dan kokoh ana ing paugerane. Ruwatan nagari uga gawe
ngruwat para leluhur. Sesajen disamertakake minangka rasa
syukur marang Gusti lan uga minangka tandha pakurmatan
marang para leluhur. Lumantar dedonga, dikarepake prosesi iki
diijabah dening Gusti Kang Murbeng Dumadi. Donga kang
dipanjatake arupa akulturasi saka donga kanthi basa Jawa,
donga saka Bali, lan donga ngarajah saka Sunda. Prosesi adicara
ruwatan nagari ini antarane yaiku kirab, donga kiblat papat, tari
bedhaya nawasanga, donga ruwat Karaton Amarta Bumi,
percikkan tirta suci, donga ruwat saka Bali, donga ngarajah saka
Sunda, sandiwara tari lakon Dewa Ruci saka Madura, lan
dipungkasi kanthi ngeburake dara muluk.
Adicara ruwatan nagari diwiwiti saka jam sanga esuk kanthi
arak-arakan tumuju Candi 1 Gedongsongo. Rombongan kirab
manjing ana ing plataran Candi 1 Gedongsongo lan lungguh
lesehan madhep candi kasebut. Adicara dilanjutake kanthi
donga kiblat papat. Papat pamaca donga kiblat papat kabagi ana
ing sisih ngarep, mburi, kiwa, lan tengene candi. Sawise rampung
anggone maca donga kiblat papat, dilanjutake panampilan tari
bedhaya nawasanga dening sanga penari. Anggone nari namung
kairing klenengan arupa kethuk lan kemanak kang biyasane
khusus kanggo ngiringi musik utawa tari sakral keraton, lan uga
tembang kanthi swara lirih. Tembang kasebut uga gabungan
antarane gerongan bedhaya lan tembang bedhaya nawasanga.
Ngancik wayah siyang, adicara dibacutake kanthi maca
donga ruwat saka Karaton Amarta Bumi migunakake basa Jawa
dening salah sawijining baraya. Sabanjure iku Raja Sri Anglung
Puntodjoyonegoro Cokrobuwono Girinoto muteri candi sinambi
mercikake tirta suci kang wis didongani. Prosesi sabanjure yaiku
donga ruwat saka Bali kairing swara lonceng sasuwene pamacan
donga. Dibacutake yaiku kanthi donga ngarajah saka Sunda, lan
seni sandiwara tari lakon Dewa Ruci. Minangka pamungkasing
prosesi ritual ruwatan nagari, yaiku kanthi ngeburake dara
muluk kang minangka pralambang katentreman, ucul saka
kasengsaran saengga bisa mujudake negara darma.
Sajian Video
36 | Maca Teks Upacara Adat “Ruwatan Nagari”
1.
2.
3.
4.
5.
jejeg
darma
manjing
pangajap
paugeran
No. Tembung Tegese Ukara
ora dhoyong,
ora owah
gingsir, tetep
Lakune jejeg sasuwene ana
sandhingku.
.............................................
.............................................
.............................................
.............................................
.............................................
.............................................
.............................................
.............................................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
......................
37 | Negesi Tembung Ian Gawe Ukara
Sawise maca teks upacara adat, saiki golekana tegese
tembung ing ngisor iki lan gawenen ukara bebas! Supaya siswa
bisa mangerteni isine teks upacara adat mau, tabel ing ngisor iki
ganepana
B. Negesi Tembung Ian Gawe Ukara
....................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
................................................................................................................
Gawenen teks deskriptif upacara adat ing daerahmu
sing kokngerteni!
C. Nulis Teks Upacara Adat
38 | Nulis Teks Upacara Adat
Upacara adat yaiku upacara tradisi kang sipate turuntemurun saka jaman biyen nganti jaman saiki ana ing
masarakat tartemtu.
Upacara adat Jawa ana maneka warna jinise, ing
antarane yaiku upacara adat kang gegayutan karo
kahuripan manungsa, upacara adat babagan gegayutan
antarane manungsa lan alam, sarta upacara adat
lembaga utawa agama.
Ruwatan dumadi saka tembung ruwat kang tegese
“bebas”, ruwatan iku upacara adat Jawa kang ancase
kanggo mbebasake wong utawa wewengkon saka
ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sajatine
wujud pandonga.
Jinise ruwatan kaperang dadi telu, yaiku ruwatan
sukerta, ruwatan lingkungan/mageri, lan ruwatan
wilayah/desa.
RINGKESAN
39 | Ringkesan
JOSS!!
JOSS!!
40 | Lembar Kerja Siswa
mulai!
Uji
kompetensi
pengayaan
mulai!
mulai!
remedial
LEMBAR KERJA SISWA
41 | Bausastra
BAUSASTRA
Adate
Ancas
Baki
Baraya
Bebendu
Bucu
Darma
Debog
Gingsir
Jejeg
Manjing
= Lumrahe, biyasane
= Tujuwan
= Tembor
= Pandherek
= Deduka
= Pendhukul
= Suci
= Batange gedhang
= Owah, pindah
= Ora dhoyong, ora owah
gingsir, tetep
= Mlebu
Ngandhut
Panembah
Pangajap
Paripurna
Paugeran
Rerangkenan
Ringkih
Sengkala
Ubarampe
Wadi
Wewengkon
= Ngandung, nggegawa
= Puja
= Kekarepan, dedonga
= Mati
= Wewaton, aturan, pathokan
= Gegandhengan
= Pawakan ora kukuh
= Cilaka
= Kaperluan
= Prakara kang ora oleh
diwedharake marang liyan
= Wilayah
BAUSASTRA
42 | Bausastra
KAPUSTAKAN
Damsar, I. (2016). Pengantar Sosiologi Perdesaan. Jakarta: KENCANA.
Kumitir, M. (2005, September 5). Dipetik Maret 21, 2022, dari
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Nofitri, T. D. (2016). Pengembangan Prototipe Buku Cerita Anak tentang
Ruwatan dalam Konteks Pendidikan Karakter Kebangsaan.
Yogyakarta: Universitas Sanata Dharma Yogyakarta.
Priyantono, S. (2014). Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs
kelas IX Jilid 3. Jakarta: Penerbit Erlangga.
Sasangka, S. S. (2008). Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta:
Yayasan Paramalingua.
Sudarmanto. (2017). Kamus Lengkap Bahasa Jawa (Jawa-Indonesia,
Indonesia-Jawa). Semarang: Widya Karya.
Sudi Yatmana, S. S. (2010). Padha Bisa Basa Jawa 3. Semarang:
Yudhistira.
Sumarlam, E. S. (2015). Widya Adi Basa Jawi 3 kangge Kelas IX
SMP/SMPLB/MTs. Solo: PT Tiga Serangkai Pustaka Mandiri.
Sunardi, R. M. (2015). Kirtya Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi
Jawa Timur.
Utomo, S. S. (2002). Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang: Effhar.
43 | Kapustakan
E-modul upacara Adat Bahasa Jawa punika karakit kagem
nyekapi kabetahan piwucalan Bahasa Jawa ing pawiyatan
madya, khususipun SMP Muhammadiyah 2 Boja. E-modul punika
karacik adhedhasar Kurikulum 2013 Mata Pelajaran Muatan Lokal
Bahasa Jawa minangka muatan lokal wajib mliginipun ing
Propinsi Jawa Tengah. Sedaya perangan salebetipun e-modul
punika kaangkah sageda njangkepi kebetahan ing piwucalan
Bahasa Jawa.
Alfina Damayanti
Universitas Negeri Semarang | 2022